Tasya

简介: Shafa Tasya Kamila utawa kang biyasané diundang Tasya lair ing Jakarta, 22 November 1992; umur 20 taun). Wiwit populer nalika dadi bintang i 更多>

Shafa Tasya Kamila utawa kang biyasané diundang Tasya lair ing Jakarta, 22 November 1992; umur 20 taun). Wiwit populer nalika dadi bintang iklan Pepsodent lan nggawé album kang judhulé Libur Telah Tiba.
Tasya wiwit mlebu ing donyaning hiburan Indonésia wiwit isih sekolah ing Taman Kanak-kanak. Wektu iku Tasya ditawani dadi bintang iklan karo salah sijiné ibu. Wiwit iku Tasya banjur ditawani salah sijiné biro iklan. Sawisé casting, Tasya éntuk kontrak kanggo dadi bintang iklan ing prodhuk susu. Wiwit iku, tasya terus dadi bintang iklan ing prodhuk asuransi, Department store, Keju, Pasta Gigi Permen, lan wedhak. Taun 1998, anak bungsu saka sadulur kang cacahé telu iki entuk kontrak eksklusif saka prodhuk odhol. Tasya iku anak saka pasanganGatot Permadi lan Isverina.[1] Saka iklan iki Tasya banjur ditawani main sinetron. Ing taun 1998 Tasya main ing sinetron kang judhulé Takdir. tasya banjur main ing film kang disiyaraké ing tivi. Film iki judhulé Kupu-kupu Ungu lan Nyanyian Burung. Sinetron liyané kang tau dibintangi Tasya yaiku sinetron kang judhulé Matahariku, Tasya lan Jangan Menangis Adinda.
Sanajan sibuk syuting iklan lan sinetron, Tasya isih ngusahakaké supaya Tasya bisa lés nyanyi ing Bina Vokalia, lan sekolah vokal kang dikelola Elfa Secioria. Sawise iku ing taun 2000 Tasya banjur éntuk kasempatan rekaman Album perdanané yaiku Libur Tlah Tiba, kang duweni lagu andalan kang judhulé pada karo judhul albume yaiku "Libur Tlah Tiba" karangané A.T Mahmud. lbum kang sepisanan bisa kadol 350 ewu kopi. Sawise sukses ing albumé kang sepisanan Tasya banjur nggawé album kang nomer loro kang temané Gembira Berkumpul. Album iki digawé nalika taun (2001). Ing album iki Tasya isih kolaborasi karo AT. Mahmud lan Duta (Sheila on 7) ing lagu kang dikarang [[Eross Candra|Eross]. Lagu iki judhule "Jangan Takut Gelap".
Taun 2005, Tasya nggawé album The Very Best of Tasya kang isiné 14 lagu kang paling apik saka album-albume Tasya. Lagu iki kayata "Anak Gembala", "Barisan Musik", "Jangan Takut Akan Gelap", hingga "Paman Datang".
Tasya bareng karo Ricky Subagja, Marshanda, Dian Nitami, lan Farhan, nalika tanggal 20 Juni 2007 resmi diangkat dadi 'Duta Kampanye Minum Susu'. Lan ana kang ngabaraké yèn Tasya nduwéni pipi kang chubby amarga ngedhot.